Recent Posts

Minggu, 27 Maret 2011

E-Learning Mata Pelajaran Bahasa Jawa

A.MATERI
PARIKAN
Parikan iku unen-unen kang kedadeyan saka rong perangan,dene perangan kapisan minangka pancadan swara,lan perangan kapindho minangka isi utawa tegese sing dikarepake.
Paugerane parikan:
1.Kedadeyan saka rong ukara.
2.Saben saukara kedadeyan saka rong ukara.
3.Nganggo purwakanthi swara.
4.Gatra siji dadi pancadan,gatra loro dadi isi.
5.Gatra siji cacahing wandane ajeg,patang wandane papat utawa wolu.
Tuladha:
1.Parikan rong gatra,saben gatra kapedhot 4-4.
* Wajik klethik,gula jawa
luwih becik,sing prasaja.
* Ngasah arit,nganti landhep
dadi murid,kudu sregep.
2.Parikan rong gatra,saban gatra kapedhot 4-8.
* Kembang cengkeh,ganda sedhep warna aneh
wong sing sumeh,tertamtu mitrane akeh.
* Kembang adas,sumebar tengahing alas
tiwas-tiwas,nglabuhi wong ora waras.

B.GLADHEN.
Wangsulana/garapen pitakon-pitakon ing ngisor iki !
  1. Minangka apa perangan kapindho ana ing parikan iku?
  2. Manawa arep gawe parikan kudu ngerti paugerane,coba sebutana!
  3. Gawea parikan kang isine bab pendhidhikan,2 bae!

Tidak ada komentar:

Posting Komentar